Sepine wengi iki
Bulan lan lintang jumeneng marang sepi
Sumilir bayu ngekep ati
Nandur cidro nelangsane ati
Duh.. Tresno engkang digadang jiwo
Tumetes eloh tibo ora diroso
Nahan kahanan engkang sumareh dumateng nelongso
Mbabat esem nandur tangis ing aksoro
Namung dedungo seng tak layangke
Tak tetepne mego marang birune
Cidrone ati seng dikekep rindu
Pandange netro ngelukis sliramu
Duh.. Wong ayu seng tak impi-impi
Seng dadi jantung dedungaku sakiki
Rasakne rinduku lewat puisi
Seng tak ukir kelawan roso ing njero ati
Tak pasrahke abange tresno kelawan kembang
Engkang mekar dedampingan tembang
Esemmu ugo dadi penggodo ing jiwo
Mekso khayalanku ngeresakne nelongso
Wes cukup olehmu nguras banyu moto
Kelawan takdir seng dipikul rogo
Anane tresno ugo mung kari dedungo
Mugi gusti paringi ridho
@LinduJiwo